Senin, 05 Agustus 2019

Salah Jaman.

Bojo : Mas, aku males nukokno Klambi gawe sampeyan maneh.

Saya : Loh opo'o Dik? Klambi sing mbok tukokno iku apik-apik kabeh loh.

Bojo : Pokokke males. Sampeyan iku sakjane salah jaman, mestine urip pas jaman Perang biyen.

Saya : Nggalah Dik, aku iki wedi lek ono Perang. Timbang perang-perangan, enak pacar-pacaran Dik. Awakmu ngamuk ngene ae, aku wis mengkeret kok, opo maneh urip nang jaman Perang. Ambekan masio mbleketek ngene, hp-ku paling canggih loh Dik, wingi entuk cicilan teko Hartono.

Bojo : Hp-ne tok sing canggih, Klambi sing digawe mek pancet iku-iku ae. Opo maneh Jakette, ket jaman SD sampe saiki yo sik digawe ae. Tuka-tuku Jaket tapi werno karo modelle yo pancet ae, ga berubah blas. Ancene aneh kok sampeyan iku Mas.

Saya : Bejo loh Dik, aku iki asline wong setia lan ga bosenan. Masio ket SD tapi lek aku seneng, yo tetep ta gawe terus ae. Opo maneh modelle wis cocok Dik, laopo kok ate digonta-ganti maneh. Koyok trisnoku nang awakmu ikuloh Dik, setia lan ga tahu bosen blas.

Bojo : Gombalanmu Mas, Mas, pokokke ga katene ta tukokno Klambi maneh, titik!

Saya : Yo ojo ngono Dik. Yo wis engko ta gawene pisan-pisan, tapi mari ngono dipenatuno lan disimpen sing aman yo Dik.

Bojo : Lah laopo kok mek pisan-pisan atek ate dipenatuno lan disimpen sing aman Mas?

Saya : Gawe mbesuk bebek'e ono anak-putuku sing nurun aku Dik. Lak lumayan Klambi teko awakmu sing sik apik iku iso dadi warisan.

Bojo : Amit-amit jabang bayi, ojo sampe nurun sampeyan Mas, cekno nurun aku ae. Warisan kok gombal amoh koyok ngono toh Mas, Mas. Cik ngesaknone anak-putuku mbesuk.

Saya : Loh iku mbesuke pasti larang tur langka loh Dik.

Bojo : Bah larang, bah langka lek gombal amoh, yo tetep gombal amoh Mas. Ojo sampe nurun koyok sampeyan, pokokke ga ta tukokno klambi maneh, titik!

Charles E. Tumbel.

--- Ide dan kreatifitas seseorang adalah hak milik yang tidak boleh ditiru / digandakan. Dilarang mengcopy artikel ini. Terima kasih. ---