Minggu, 04 Agustus 2019

Janji Palsu.

Bojo : Mas, sampeyan iku biyen mestine rabih karo wong dodolan antikan ae.

Saya : Ojo Dik, wong antikan iku lanang kabeh, engko aku lak dadi LGBT. Ono sing wedok, tapi wis tuwek-tuwek. Iso tambah ketok tuwek lak an aku malehan Dik. Hehehe guyon, opo'o kok ngomong ngono Dik?

Bojo : Lah iyo Mas, sampeyan ben entuk duek sing digoleki disik malah Pak Boy, Pak Dwi, Pak Nu, Pak Ahmad, Pak Aan, Pak Bawono, Pak Rully, Pak Nyong, Pak Firman. Aku malah sing paleng kari dewe. Tapi lek wayahe sambat, pasti aku sing entuk disikan.

Saya : Oalaa Dik, iku ta masalahne. Beres, lek barang gawe museum wis nglumpuk akeh, ta kurangi golekine.

Bojo : Akeh iku piro Mas?

Saya : Yo sewuen Dik.

Bojo : Lah saiki wis piro Mas?

Saya : Sik ampir satus Dik.

Bojo : Oalaa, kapan marine Mas lek sampe sewu akehne.

Saya : Tenang ae Dik, engko lek wis sewu pasti ta kurangi kok nggolekine.

Bojo : Gombal Mas, janji palsu tok sampeyan iku.

Saya : Ngga kok Dik, kapan se aku tahu janji palsu. Engko corone Pak Boy, Pak Dwi, Pak Nu, Pak Ahmad, Pak Aan, Pak Bawono, Pak Rully, Pak Nyong, Pak Firman ta miss call ae cekno aku sing digoleki, dadi aku wis ngurangi nggolekine Dik.

Bojo : Oalaa dasar Welut ancene sampeyan iku Mas, bedu ae jenenge. Diwolak-walik gembyang lak an, ngga niat!

Charles E. Tumbel.

--- Ide dan kreatifitas seseorang adalah hak milik yang tidak boleh ditiru / digandakan. Dilarang mengcopy artikel ini. Terima kasih. ---