Minggu, 04 Agustus 2019

Memindahkan Barang.

Bojo : Mas aku jijik nontok barang-barang karatenmu iki kabeh. Ndang pindahen teko mejo iku, lek ngga sesuk ta buaki kabeh loh.

Saya : Sabar Dik, pirang dino maneh ta pindahe.

Bojo : Lah kok ngenteni pirang dino maneh se Mas, aku wis jijik saiki kok.

Saya : Soale durung waktune mindah barang Dik. Aku yo sik ngenteni tondo-tondone waktune sing cocok gawe mindah barang iku teko kok Dik.

Bojo : Tondo-tondone iku opo Mas?

Saya : Tondo-tondone iku lek Mas Agus Museum wis nelpon ta WA, terus moro mrene Dik.

Bojo : Oalaa, iku ngga mindah tapi nyerahno.

Saya : Podo ae Dik, sing penting lak wis pindah teko mejo iku ta.

Bojo : Ancene males ae kok cik akehne alesanne!

Charles E. Tumbel.

--- Ide dan kreatifitas seseorang adalah hak milik yang tidak boleh ditiru / digandakan. Dilarang mengcopy artikel ini. Terima kasih. ---